Ati - ati seng nduwe kartu kredit

Nopo kok saiki aku nulis masalah kartu kredit, masalahe mau aku nemoni kasus seng kanggo aku masalah seng kanggo modus operandi anyar, ceritane ngene.......
Bu Ambar nduwe loro kartu kredit seng nduwe limit sekitar sepuluh juta, lah...pas dino wingi ono wong seng ngaku seko bank seng ngentokke kartu keridit kuwi , alasane kartu kreditte Bu AMBAR arep di unggah ke nilai limitte..lah Bu AMBAR maune yo ora gelem nanging amargo pelaku iku ngrayu terus akhirhe BU AMBAR oke - oke wae..nah nebg telpon pelaku ngomong yen arep ngirim wong nganggo njupuk kartu kreditte Bu AMBAR neng kantore.


Kacek sedino kong konane pelaku teko neng kantore BU AMBAR arep njupuk kartu kredit iku...nah..pelaku teko nganggo atribut bank seng ngentokke kartu kredit kuwi, nah kartu kredit wis di serahke karo BU AMBAR lan arep di balikke let rong dino.
Nanging opo seng kelakon...wes luweh rong dino BUAMBAR baru nelpon nakokke kartu kredit neng bank seng ngetokke kartu kredit kuwi, tapi seko bank iku jawab yen seko pihak bank ora pernah narik kartu seko nasabahe yen arep ngunggahke limit kartu kredit yo..seko bank mesti nukar kartu kredit trus kartu kredit seng lawas di musnahke..kaget maneh jebol rong kartu kredit duwee BU AMBAR wes dinggo blonjo sampe nilai limit entek.....wah yen ngene seng salah sopo yo......memang jaman saiki kudu ati - ati ojo gambang percoyokaro wong seng koyok ngono ...yen wes ngene BUAMBAR seng rugi.........nah soko kedadean iki sekalian sedanten kudu waspodo karo wong seng sok ngaku - ngaku...okey.....semoga sukses dengan kehati - hatian

Blogger template 'Yes#39; by By Ujang2008

Jump to TOP

Blogger templates by Ayah Ujang